السلا م عليكم ورحمة الله  وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ  الَّذِيْ اَكْرَمَ الْمُجَا هِدِيْنَ. وَاذَلَّ الْمُعْتَدِيْنَ  وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى  اَشْرَفِ الْمُرْسَلِيْنَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَاَصْحَا  بِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ اِلَى تَبِعَهُمْ اِلَى يَوْ مِ الدِّيْنِ أَمَّا  بَعْدُ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الكَرِيْمِ أَعُوْ ذُ  بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْنِ. اُدْعُ اِلَى سَبِيْلِ رَبِّكَ  بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْ عِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِى هِيَ  اَحْسَنُ. صد ق الله العظيم.
Sahabat-sahabat,  rekan-rekan, adik-adik senasib lan sa’perjuangan ingkang kulo sayangi.
Langkung  rumiyin kulo manjataken puji syukur dateng Alloh SWT, Tuhan Semesta  Alam, ingkang mucal menungso mawi Qolam tentang ilmu ingkang dereng  difaham, shoho Rohmat Allah lan salam mugiho dipun tetepaken dateng Nabi  Pejuang Islam. Nabi pemimpin Arab lan ajam ingkang beto umat manusioa  sangking masa ingkang hitam kelam, masa ingkang penuh sifat murka lan  kejam menuju masa damai, aman, tentram, ingkang penuh cahaya bagaikan  sinar bulan ing tengah malam, yakni saking masa jahiliyah menuju masa  Islamiyah.

Poro Hadirin  ingkang kulo hormati !
Menurut  pandangan Islam, agama ingkang paling mulyo minggahipun Alloh, inggih  puniko agami Islam. Keranten Agami Islam, meniko bade mejamin umat  manusia menuju hidup bahagia lahir lan batin, shoho wilujeng wonteng ing  dunyo lan akhirat, selagi tiyang ingkang memeluk Agami Islam  kolowahu-boten menyimpang lan melanggar dateng garis-garis agami Islam,  shoho boten melanggar dateng ajaran Islam, tapi kangge mencapai lan  ngasilaken kebahagiaan, shoho kawilujengan lahir lan batin meniko boten  saget dipun wujudaken sambi turu utawi tenguk-tenguk kaliyan lingguh  silo tumpang, meniko boten saget wujud tanpa dipun tuntut kalian  perjuangan ingkang sungguh-sungguh Sedoyo kolo wahu boten berhasil nopo  malih kangge mempertahankan shoho melestarikan nilai kemulyaan Islam  meniko. Kito kedah ringan tangan lan bermurah hati, ngorbanaken jiwa  raga, shoho harta benda demi kejayaan Islam, lan kaum muslimin.
Firman Alloh  wonten Al-Qur’an :
وَ جَا هِدُوْا  بِأَمْوَا لِكُمْ وَأَنْفُسِكُمْ فِى سَبِيْلِ الله
Ingkang artosipun :
“Lan berjuango siro kabeh  klawan bondo siro lan awak siro ing dalem agamane Alloh“
Nopo maleh memasuki abad modern  saat meniko katah kebudayaan-kebudayaan asing ingkang mlebet wonten  negari kito Indonesia, ingkang bertentangan kalian agami Islam. Terutami  wonten kalangan muda-mudi, remaja, katah poro remaja ingkang menggemari  kebudayaan luar tapi boten dipun saring, cocok nopo boten kalian ajaran  agami Islam ? niki boten peduli.
Hal meniko  menawi kito kurang waspada, utawi boten kito cegah, soyo dangu bade  merajalela, sehinggo saget ngalahaken kebudayaan Islam piyambak  akhiripun umat Islam piambak ingkang bade rugi.
Pramilo sangking meniko kulo  anjuraken dateng poro Jutawan, poro أَغْنَيَاء poro dermawan,  sampun   ngatos  bahil  utawi  kumed   ngurbanaken  harta  benda  kangge
Kepentingan Agami kito. Kito  sebagai generasi penerus pewaris sangking generasi ingkang rumiyin  sampun jerih payah mewarisi kito bangunan masjid-masjid, gedung-gedung  madrasah, langgar lan sanesipun, lan ugi kito ingkang ngraosaken utawi  ingkang nggunaaken bangunan-bangunan kolo wahu. Sa’meniko kito ugi kedah  purun bangun, utawi ndandosi bangunan kolo wahu, supados generasi  ingkang bade datang ingkang ngrahosaken jasa kita. Hal meniko cocok  kaleh dawuhipun Al Hukama
لَقْدْ غَرَ سُوْا  فَأ كَلْنَا وَإِنَّنَا* لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang artosipun :
“Sa’temene wong-wong kang  dingin wis podho nandur jasa sehinggo kito sing mangan  jasane lan sa’temene kito ugo nandur sehinggo wongkang sa’wise kito  (generasi mendatang) mangan jasa kito“
Poro Rawuh  ingkang kulo hormat !
Pramilo  sangking meniko kangge ngasilake kejayaan Islam dan kebahagiaan kaum  muslimin monggo sanak famili, tonggo teparu, lan masyarakat kito ajak  menuju dateng dalan agamipun Alloh kanti bijaksana, nanti pitutur  ingkang sahe, lan tingkah laku ingkang ngremenaken, supados saget cocok  antara ucapan lan perbuatan. Hal meniko sesuai kalian dawohipun Allah :
أُدْعُ إَلَى  سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْ عِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَا  دِلْهُمْ بِالَّتِى هِيَ أَحْسَنُ
Ingkang Artosipun :
“Ngajako maring dalane  Pangeran iro kanti bijaksana lan pitutur kang bagus lan tukaro pendapat  maring Qoum kelawan toto coro kang bagus“
Poro Rawuh,  pramilo monggo sepindah malih semangat berjuang lan beramal selalu kito  tingkataken sampun ngantos bosen utawi waleh, sa’derengipun berhasil.  Mugi-mugi Alloh SWT enggalo paring kesembadan dateng usaha lan  perjuangan kito sehinggo, tercapailah cita-cita kito, bahagia, lan  slamet wonten ing donyo lan akhirot Amin.
Cekap semanten  atur kulo
و بالله التو فيق و  الهداية
والسلا م عليكم  ورحمة الله وبر كا ته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar